Jumat, 23 Februari 2024

DHANDHANG-GULA NALISIR

Siji
Gunungkidul  ing mangsa kawuri 
Alas wingit 'king tebih sinawang
Sato galak panunggune.
Jalma nerak keplayu
Asri wana caketing ati
Caket merga jinangka
Wonosari satuhu.
Sepisan 'Nggung Pantjadirdja
Saking Pathi lumebet ing kutha nguni
Dina Legi Selasa.

Loro 
Sunaryanta kuwasa ngladeni
Sesarengan lan Herisusanto
Sinengkuyung kawulane
Patang tahun lumaku
Muga bisa ngluari janji
Janji ombak segara  Sedaya binujung.
Dalan amba banyu rata
Among kisma  mulya samya den udi
Karsa sae sedaya.

Telu
Enjang sonten ing tlatah puniki
Nganyut tuwuh trus ambal-ambalan
Nora kendhat 'ben wulane
Dosane sinten niku
Dipun kempit rina lan wengi
Dene datan karasa
Margi cublukipun
Pengageng kapan sembada
Ngusadani jampangi lan paring jampi
Iguh tenengga-tengga.

Papat
Tanpa nyana tekane pandemi
Donya ewuh ngupadi tetamba 
Kanggo waras  sak lamine 
Tebih asale jamu 
Saking Cina regi tinari Regane sarwa beda 
Benten saking panyuwun 
Lali muji kang Kuwasa  
Nyembah lima pan siang kelawan ratri 
Allah paring usada.

Lima
Wulan lima pitulikur Mei 
Sami suka mring Sewaka Praja 
Pengetan ibu bumine 
Ngetus bontosing
ngelmu  
Murih desa kebat makarti 
Nunggal jiwa lan karsa 
Punika pinuwun. 
Pamrihe desa sembada 
Sesantine cekap ngajeng tirah wingking 
Sareng gesang sasama. 

Enem
Wus lumampah nara praja wani,
Nata desa saben ambal warsa,
Milang-miling pamawase. 
Warga asung bebantu, 
Candi mulya den anti-anti
Tan pegat tan lelewa
Sagah sanggemipun 
Dalane kemudu amba 
Banyu rata cinandhak asta tan keri
Kondhangnya tekeng manca. 

Pitu
Yen ta sampun dumugining sasi
Rolas Mei September ing mangsa 
Larang udan wus wancine 
Toya sami binujung 
Kangge gesang tyang sak negari 
Hiwang paring nugraha 
Saget damel lintu 
Sanak kadang ing pradesan 
Sami beja menawi nagri peparing 
Dadya rejaning reja. 

Wolu
Desanira Putat kang sawiji 
Lurah ipun momong mring kawula 
Datan kendhat pangrengkuhe 
Sayuk rukun tinuntun 
Kabudayan leluhur yekti 
Luhur bebuden bangsa  
Bangsa kula namung 
Sapa ingsun sapa sira 
Tebih saking manah-manah ingkang drengki
Dugi wayah lan putra. 
 
Sanga
Lengah ira Penewu kejawi 
Mawa tata ugi mawa cara
Rahayu nenggih kersane
Njangkah mlebu lumaku
Resik-resik dawane ati 
Sami sih kekadangan 
Raketing pamengku  
Jalma-jalmi ngrineksa 
Ageng nggennya menggalih ruweting nagri
Rekaos tan rinasa. 

Sepuluh
Wisata niku paringe sGusti 
Kali gunung lan wedhi segara 
Atusan wilang guwane 
Berkah tansah lumintu 
Tambang arta dipun paringi 
Prandene  tansah kurang 
Kurang syukur ipun 
Rebut ngarep ngoyak donya 
Ngrayah bandha  ora mesthi nyelameti 
Nulya sami elinga. 

Sewelas
Tumangkare maesa lan sapi
Kadhang warga isine samekta
Sengkut mlaku sak kawase
Kanthi ngelmu lan wektu
Angupadi tambahing gizi
Murah ning dadi larang 
Larange keridu
Teka sapi saking manca 
Tenan angel malangi tangan negari
Wargane uman apa.

Rolas
Lemah subur tetuwuhan sami
Kintun warta dateng nara kisma  
Nderek dhawuh Pengerane.
Saben sabin pinuju 
Mangsa  panen engga dumugi 
Nyimpen pantun tinata Sak lebeting lumbung 
Kalajeng kembul bujana
Pari suka winastan raos kenduri 
Adum sedekah boga. 

Telulas
Umkm jantung ekonomi
Sanes marga margi saking manca 
'Nut pujangga ngendikane.
Dadi otot bebayu
Bebakulan sadhengah warni.
Winengku Pancasila  Tebih Kumalungkung  Kul rinangkul  ga jinaga
Pasrawungan pancene dipun kaesti
Desa kutha prasaja

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

MIOSE SANG HANDAYANI  Siji Gunungkidul  ing mangsa kawuri  Alas wingit 'king tebih sinawang Sato galak panunggune. Jalma ner... dumugining sasi
Rolas Mei September ing mangsa 
Larang udan wus wancine 
Toya sami binujung 
Kangge gesang tyang sak negari 
Hiwang paring nugraha 
Saget damel lintu 
Sanak kadang ing pradesan 
Sami beja menawi nagri peparing 
Dadya rejaning reja. 

MUBENG DESA
Desanira Putat kang sawiji 
Lurah ipun momong mring kawula 
Datan kendhat pangrengkuhe 
Sayuk rukun tinuntun 
Kabudayan leluhur yekti 
Luhur bebuden bangsa  
Bangsa kula namung 
Sapa ingsun sapa sira 
Tebih saking manah-manah ingkang drengki
Dugi wayah lan putra. 
 
PENEWU HAYU
Lengah ira Penewu kejawi 
Mawa tata ugi mawa cara
Rahayu nenggih kersane
Njangkah mlebu lumaku
Resik-resik dawane ati 
Sami sih kekadangan 
Raketing pamengku  
Jalma-jalmi ngrineksa 
Ageng nggennya menggalih ruweting nagri
Rekaos tan rinasa. 

PARIWISATA
Wisata nggih nugrahaning Gusti 
Kali gunung lan wedhi segara 
Atusan wilang guwane 
Berkah tansah lumintu 
Tambang arta dipun paringi 
Prandene  tansah kurang 
Kurang syukur ipun 
Rebut ngarep ngoyak donya 
Ngrayah bandha  ora mesthi nyelameti 
Nulya sami elinga. 

LEMBU SETA
Tumangkare maesa lan sapi
Kadhang warga isine samekta
Sengkut mlaku sak kawase
Kanthi ngelmu lan wektu
Angupadi tambahing gizi
Murah ning dadi larang 
Larange keridu
Teka sapi saking manca 
Tenan angel malangi tangan negari
Wargane uman apa.

BERSIH DESA
Lemah subur tetuwuhan sami
Kintun warta dateng nara kisma  
Nderek dhawuh Pengerane.
Saben sabin pinuju 
Mangsa  panen engga dumugi 
Nyimpen pantun tinata Sak lebeting lumbung 
Kalajeng kembul bujana
Pari suka winastan raos kenduri 
Adum sedekah boga. 

WARUNG AYU
Umkm jantung ekonomi
Sanes marga margi saking manca 
'Nut pujangga ngendikane.
Dadi otot bebayu
Bebakulan sadhengah warni.
Winengku Pancasila  Tebih Kumalungkung  Kul rinangkul  ga jinaga
Pasrawungan pancene dipun kaesti
Desa kutha prasaja

TANGISE NEGARI


                                                 Wisma Atlet Hambalang

YEN KELINGAN  wisna ora dadi 
Angedhankrang neng tlatah Hambalang
Kepung suket kayu ijo 
Tanpa isin kebacut
Gawe gela dados sesakit
Pa tanpa suba sita 
Klawan unggah ungguh
Saperangan kinunjara
Bebantene anenggih rakyat sepriki
Nangis tambane apa.
 
SAWANGANE IKN nututi
Dadi barang tinilar sembarang
Kadya Hambalang samangke
Khajate namung satu
Golek alem ben katon wani
Wani golek utangan 
Ewon lah trilyunan
Bingung sapa ingkang bisa
Gesangaken tunggak pejah tunggak mati
Mula karsa ping tiga.
 
INGKANG lenggah ing DPR-RI
Manut karsa karsane ketua
Parte politik dhawuhe
Sanes wakiling rakyat 
Nanging pijer 

Kalungan macan

Ben diarani bela,
Bela ati wangsa
Jebul ngemu pamrih liya 
Bebancakan anjarah duwit negari
Ngono salah tan krasa.

KASUNYATAN watake pemimpin
Nolak bener nyingkur  kautaman 
Tangan meres kawulane
Mentri dadi ATM
Bara-bara menggalih nagri
Ngisi lumbung priyangga
Gemujeng gemuyu
Pados pulihane arta
Kangge caos kasaenan bulu bekti
Glondhong pengarem-arem.


DHANDHANG-GULA NALISIR

Siji Gunungkidul  ing mangsa kawuri  Alas wingit 'king tebih sinawang Sato galak panunggune. Jalma nerak keplayu Asri wana caketing ati ...