Jumat, 23 Februari 2024

TANGISE NEGARI


                                                 Wisma Atlet Hambalang

YEN KELINGAN  wisna ora dadi 
Angedhankrang neng tlatah Hambalang
Kepung suket kayu ijo 
Tanpa isin kebacut
Gawe gela dados sesakit
Pa tanpa suba sita 
Klawan unggah ungguh
Saperangan kinunjara
Bebantene anenggih rakyat sepriki
Nangis tambane apa.
 
SAWANGANE IKN nututi
Dadi barang tinilar sembarang
Kadya Hambalang samangke
Khajate namung satu
Golek alem ben katon wani
Wani golek utangan 
Ewon lah trilyunan
Bingung sapa ingkang bisa
Gesangaken tunggak pejah tunggak mati
Mula karsa ping tiga.
 
INGKANG lenggah ing DPR-RI
Manut karsa karsane ketua
Parte politik dhawuhe
Sanes wakiling rakyat 
Nanging pijer 

Kalungan macan

Ben diarani bela,
Bela ati wangsa
Jebul ngemu pamrih liya 
Bebancakan anjarah duwit negari
Ngono salah tan krasa.

KASUNYATAN watake pemimpin
Nolak bener nyingkur  kautaman 
Tangan meres kawulane
Mentri dadi ATM
Bara-bara menggalih nagri
Ngisi lumbung priyangga
Gemujeng gemuyu
Pados pulihane arta
Kangge caos kasaenan bulu bekti
Glondhong pengarem-arem.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Bagaimana Menurut Anda

DHANDHANG-GULA NALISIR

Siji Gunungkidul  ing mangsa kawuri  Alas wingit 'king tebih sinawang Sato galak panunggune. Jalma nerak keplayu Asri wana caketing ati ...