Senin, 03 Agustus 2020

PILIHAN BUPATI SINAWANG SAKA GAMBAR MIRING


Rebut biyada babagan calon jago Bupati sing paling apik ing Pilkada tahun 2020, meh ora ana paedahe. 

Keyakinanku seje dhewe. Bupati Gunungkidul wis kepilih sak durunge pencoblosan dina Rebo Wage 9 Desember 2020 ditindakake.  


Banjur Siapa?  Aweh pitakon mangkono aja maring gegodhongan, nanging miteranga marang  Gusti ingkang andum para.  


Kuwi dununge Politik Keyakinan, ora mung Keyakinan Politik. 


Ana kawruh sepala, sing sapa wonge akeh "gemuyu,"  ( tembung gemuyu tan bisa jinarwa mentah), nalika ngayunake kursi Gunungkidul-1 lan Gunungkidul-2 pepuntoning panjangka isa cabar.  


Nasibe ora adoh kaya Prabu Niwata Kawaca, senadyan ta seskti mahambara, sebab kadunungan Aji Gineng ingkang dumunung ana ing telak. 


Begawan Cipta Ning, ingkang nembe kewala mentas saka pertapaan, panggah nguntapake nyawane Niwata Kawaca ingkang kondang tinatah mendat jinara menter.   


Mengkono pepeling gambar miring, Begawan Cipto Ning, ora liya ya sang apekik,  Harjuna Pandu Putra, Si Kumbang Ali-Ali.

  
(Bambang Wahyu Widayadi)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Bagaimana Menurut Anda

DHANDHANG-GULA NALISIR

Siji Gunungkidul  ing mangsa kawuri  Alas wingit 'king tebih sinawang Sato galak panunggune. Jalma nerak keplayu Asri wana caketing ati ...